Nunung Alvi – Berag Tua

Berag tua ngeluyur saben dina
Mampar-mampir ning warung pinggir dermaga
Larak-lirik mata main gaya
Kurang terange nganggo kaca mata...

Balik maning pikire kaya remaja
Klalang-kliling ngulati wong wadon rangda
Bagen tua ngaksie perjaka
Ora eling ning umah putune sanga...

[Musik]

Berag tua duh selewa-lewa
Ora mikir keluarga ning umah
'Ra perduli mbuang harta benda
Asal aja sampe ngerusak raga...

Kumis tipis ala si Toni Curtis
Pesam-pesem prangsane wong paling laris
Ora ngarti yen wis dawa umure
Warna loro uga rupa rambute...

Berag tua umure sewidak sanga
Lunga-lunga ora kari kacamata
Kanggo mikat bocah wadon sing gaya
Bagen sora ngentokena pekaya...

Pleyat-pleyot dasar pipine kempot
Lantang-lantung kulite wis pada ngluntung
Pasang aksi nganggo jas setelan dasi
Nggo nutupi pasang gigi variasi...

[Musik]

Berag tua wis gage elinga
Elingana bakal arep lunga
Aja padu nyenengaken jiwa
Aja mumpung lagi sugih dunia...

Berag tua arep kapan elinge
Ora lawas bakal dicabut umure
Kudu eling ning kelakuane
Yen tobata karo Pengerane...
Labels: Dangdut, Etnik, Lirik Lagu

Thanks for reading Nunung Alvi – Berag Tua. Please share...!

0 Comment for "Nunung Alvi – Berag Tua"

Back To Top