Didi Kempot – Kangen Bandungan

Sayang aku kangen sayang kangen kowe...

Adem tenan wengi iki ora ono sing ngancani
Neng kene neng kene neng kene aku ngenteni
Fotomu tansah tak sanding, tak sawang sinambi ngekep guling
Ngene kangenku angel turu, esuk awan tekan sore
Aku tansah eling kowe neng endi neng ngendi neng ngendi enggalo bali
Lemes koyo tanpo balung saben dino mung tansah ngalamun
Ngantio swindu ra luntur tresnaku...

Sayang aku kangen sayang kangen kowe...

Oh angin oh angin oh angin kabarno kangenku iki
Neng kene neng kene neng kene aku ngenteni
Oh bulan oh bulan oh bulan jumedulo wengi iki
Padangno padangno padangno atiku sing peteng iki
Bandungan hawane adem, keturutan atiku ayem
Iso ketemu mari kangenku...

Duh wong ayu neng ngendi papan lan dunungmu,
Koyo ngene rasane kangenku mung tansah lam-lamen sliramu terus wong ayu,
Paribasan sawah ing mongso ketigo,
Aku ngenteni mudune banyu soko angkoso, enggalo bali,
Aku tansah ngenteni sliramu wong ayu...
Labels: Didi Kempot, Etnik

Thanks for reading Didi Kempot – Kangen Bandungan. Please share...!

0 Comment for "Didi Kempot – Kangen Bandungan"

Back To Top