Didi Kempot – Cinta Monyet

Pisanan lirik-lirikan,
Bacute ijol eseman,
Mengkono bocah nom-noman
Umure rung nganti limolasan...

Isin-isin (isin-isin) kepingin aruh-aruh
Maju mundur (maju mundur) arep nakokne jeneng
Nanging njero ati podo leh-i deg-degan
Podo rumongso tresnane wiwit megar...

Njur wiwit layang-layangan
Ra lali alem-aleman
Lucune leh-i nguwehne
Njaluk tulung liwat kanca-kancane...

Awan bengi (awan bengi) ora iso turu
Nunggu-nunggu (nunggu-nunggu) balesan layange
Yen balesan layange ra teko-teko,
Sesuk’e podo dene moh aruh-aruh...

[Interlude]

Cinta monyet (cinta monyet), tresno cah ingusan
Cinta monyet (cinta monyet), tresno cah nom-noman
Pancen aneh ning kowe ngguyu tak critani
Yen tresnane pedot pengen bunuh diri...

Wow wow wow wow (Wow wow wow wow)
Akeh sing salah dalan
Wow wow wow wow (Wow wow wow wow)
Akeh sing do kapusan
Mulane yen sesrawungan sing ati-ati...
Labels: Didi Kempot, Etnik

Thanks for reading Didi Kempot – Cinta Monyet. Please share...!

0 Comment for "Didi Kempot – Cinta Monyet"

Back To Top